Sunday, January 13, 2019

💌🌺Ngrabékké Prawan🌺💌

Sunday, January 13, 2019



♻️رسول الله صلى الله عليه وسلم قال له : يا علي ! ثلاث لا تؤخرها : الصلاة إذا آتت والجنازة إذاحضرت ، والأيم إذا وجدت لها كفؤا♻️

🔆Nabi shalallahu alaihi wa sallah ngendiko : "Hei Ali ! Ono telung perkoro kang ora keno tok rendhe-rendhe : 

🖇Sepisan sholat naliko wis manjing wektune, 

🖇Kaping pindho jenazah menowo wis teko, 

🖇Kaping telu bocah prawan menowo wis eneng jodho kang sapodo"🔆.

👉🏻📚HR. Tirmidzi no.1075 📚👈🏻

🚀Katrangan📡 : 👇🏻👇🏻👇🏻

👉🏻📌Ingkang ongko tigo : Lan bocah perawan menowo sliramu wis nemoni kanggo dheweke jodo ingkang sampun sekufu.

📌Sekufu niku nggih setingkat, setingkat niku nggih setingkat napa-napane. Setingkat ilmunipun, nasab ipun, drajatipun, setingkat agaminipun.

📌Menawi wonten tiyang sepuh sampun nemai enten bocah lanang nembung putrine. Piyambakipun sampun pirso bocah lanang iki agamane apik, taqwa, bekti marang wong tuwo tur nggih tememen anggone nyambut gawe, nduweni tanggung jawab. 

📌"Ning anakku kok jik rung rampung kuliah yo?", lha niki mboten pareng. Kuliah bar rabi nggih saget nggih to? Niku enggal-enggal dirabekne.

📌Nek mboten enggal-enggal dirabekke, BENCANA. Mergo rasulullah ingkang paling mangertosi dumateng sedanten perkawis ingkang sae, ingkang dipun tetepaken dening Allah kagem umatipun.

📌Niku ten jamane nabi lho nggih. Jamane kanjeng nabi niku sithik eneng wong sing nggleleng.

📌Ijik dho isin-isin cah wedok-wedok niku, dho ndhelik ten ngomah-ngomah, ngagem jilbab gedhe-gedhe, aman. Ning ewodene semanten, nabi dhawuh : "Nek wis eneng sing nembung, sing nembung niku wonge soleh, enggal dinikah'ake". Ora keno ditunda-tunda, nek ditunda bahaya.

📌Nopo melih ten jaman sakniki. mboten enten istilah cah wedok ki kudune ning ngomah, ora eneng. Malah gerilya, ora ngerti wayah awan ora ngerti wayah bengi, pun mboten enten bedane.

📌Ditambah codhot niku ting sliwer ten pundi-pundi. Bahaya melih codhot ndhas ireng niku sobone turut ngebuk nggih to? Turut kretek-kretek barang sakniki okeh codhot mboten mung ten nggen wit debog.

📌Dados codhot jaman sakniki niki luwih mbebayani tinimbang codhot jamanipun simbah-simbah naliko semanten.

📌Mulo nek pun kagungan putri diwoso, wonten ling nembung. Bocah niki nggih tememen anggone nyambut gawe, nduweni tanggung jawab, tur nggih agamane sae, enggal enggal dirabekke.

📌Niat : "ya Allah kulo ngrabekke anak kulo niki, pinongko tunduk dhawuh paduko. Mugi paduko mberkahi dumateng kluargane anak kulo niki", ngoten.

📌Ampun mikire malah : "wah anakku ki jik kuliah ki, semester loro ki agekkan, mbok engko wae nunggu nek wis wisuda"...BAHAYA.

📌Bahayane nopo? Nggih Allah ingkang pirso. Terkadang awake dewe niki enten bahaya mboten kroso.

📌Cah cilik dolanan plastik dledekan niku bahaya mboten? Bayi umur rong taun dolanan plastik diobong ndledek, bahaya mboten niku?

📌Ning bocah niku ngerti mboten nek niku bahaya? Mboten ngerti. Le pirso sinten? Tiyang sepuhipun.

📌Semanten ugi Allah ngerti nek kuwi bahaya. Nabi nggih mgerti wong dikandani Allah. Ning awake dewe niki terkadang mboten ngerti. Gandeng ra ngerti kadang mbrengkele, ngeyel, ra gelem manut kalih rasulullah, mboten purun tunduk kaliyan Allah.

📌Podo karo bocah cilik dolanan dledekan geni, dijaluk malah nangis, mberot-mberot. Jare bapakke kurang ajar, jahat ngrebut dolananku. Sami kalih awakke dewe.

📌Ning awake dewe niki pun pasrah bongkokan, tawakkal marang Allah  : "Kulo ngrabekke anak kulo niki kulo niyati ngibadah dumateng paduko ya Allah. Paduko ridhai anak kulo! Kulo njenengan ridhai, kulo namung ngarep-arep suwargo", insyaAllah bahagia dunia akherat.

📚Kapetik saking rekaman pengajian  👉🏻 : 

🖋📚"Ngupokoro Jenazah Miturut Syariat Islam".📚🖋

⚙Dening abul aswad al bayaty⚙

📡Monggo sami midhangettaken piwucal agami islam arupi : fatwa, wewarah kesaenan, pitutur luhur poro ulama, rekaman pengaosan poro kyai lan sanesipun lumantar channel telegram : Ngangsu Kawruh

Link channel :
Telegram.me/NgangsuKawruh

0 comments:

 
Catatan Damar. Design by Pocket - Fixed by Blogger templates